Tari Soreng
Kesenian Tari Soreng iku salah
satunggale kesenian asli masyarakat Jawi sejarahe saka pengejawantahan babad.
Kesenian menika di pentasake nalika upacara adat utawa hajatan gede. Kesenian
Soreng iku kesenian ingkang dipendet saking kisah Aryo Penangsang lan para
prajurite.
Kesenian Soreng piyambak ideale di lakoni 10 tekan 12
uwong penari lanang. Aryo Penangsang yaiku adipati ingkang ngrebut tahta
Kerajaan Demak, sepeninggale Sultan Tranggono. Aryo Penangsang ora setuju marang
tahta kerajaan sing diwariske Mas Karebet utawa Joko Tingkir mantune Sultan Tranggono.
Mas Karebet marisi tahta kerajaan Demak, lan mindahake ing Istana Pajang.
Sawise dadi raja kerajaan Pajang mas Karebet entuk gelar Sultan Hadiwijaya.
Aryo Penangsang nduweni kesaktian sing sekti mandraguna. Tunggangane Aryo
Penangsang yaiku jaran lanang ingkang nduweni jeneng Gagak Rimang. Kisah iki
nggambarke tari energik, ingkang diiringi suara gending lan gendang sing wuenak
suarane.
Akhire Aryo Penangsang gugur sawise tarung marang
Danang Sutawijaya yaiku putra angkat Sultan Hadiwijaya. Danang Sutawijaya
akhire dadi raja Mataram ing Kotagede, Yogyakarta nduweni gelar Panembahan
Senopati. Jaman semono, tabuhan sing ana iramane kui iso mancing perhatiane
masyarakat. Atusan wong langsung kumpul menowo ngrungokke tabuhan kui. Kesenian
Soreng kui kesenian ingkang diminati kabeh masyarakat Jawa, khususe masyarakat
Magelang, Jawa Tengah. Gerak tarine diiringi musik sing rancak lan dimainke
para penari Soreng ingkang luwes dadi daya tarike masyarakat gede. Tekan saiki
kisah tari Soreng kui mampu digambarke ing pertujukan Tari Soreng. Tari Soreng
dadi warisan budaya Jawa Tengah ingkang berirama lan gadhah pesan pesan ingkang
kesirat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar