Selasa, 01 Desember 2020

Grebek Gethuk Bahasa Jawa


Grebek Gethuk

            Tradisi grebeg gethuk disalenggaraake saben taun ing Kutho Magelang damel nyambut Hari Jadi Kutho Magelang. Grebeg gethuk minangka pralambang kesejahteraan lan kemakmuran masyarakat kutho Magelang. Grebeg gethuk yaiku acara puncak ing penyambutan Hari Jadi Kutho magelang. Ing prosesi Grebeg Gethuk menika wonten 2 gunungan ingkang di damel saking gethuk. Gethuk menika panganan tradisional saking Magelang ingkang bahan utamane yaiku tela. Ana 2 macam bentuk gunungkang ingkang digunaake ing prosesi Grebek Gethuk menika, ingkang kapisan bentuke lancip, ingkang supados arti jaler, lan ingkang kapindo bentuke bulat ingkang supados arti wadon.

            Ing prosesi Grebeg gethuk menika, gunungan gethuk di arak saking Masjid Agung Magelang pinuju Alun-Alun Kutho Magelang gawe nglaksanaken upacara Pembukaan Grebeg Gethuk ingkang diiringi 17 gunungan liyo. 17 Gunungan liyo menika nglambangaken jumlah kelurahan ing kutho Magelang. 17 Gunungan liyo menika di damel saking hasil bumi rakyat kutho Magelang ingkang rupa sayur sayuran, woh-wohan, lan palawija.

            Sakderenge gunungan gunungan menika di rebutake kalih masyarakat, prosesi di wiwiti kaliyan arak-arak rombongan Walikota Magelang lan jajarane ingkang numpak kereta kencana saking Masjid Agung Kota Magelang pinuju panggung kinurmatan ing sebelah selatan Alun-Alun kutho Magelang. Ing prosesi menika migunaake pakaian adat jawa. Sakderenge dilaksanaaken upacara grebeg gethuk, adicara dibuka kaliyan penampilan tarian Rampak Buto, Panditha lan 9 penari sesaji. Tarian menika nyritaake babagan Pendhita nglawan buto-buto ingkang gadhah niat jahat lan ing peperangan menika dimenangake Pandhita. Salanjute dilanjutake kaliyan adicara penyerahan duplikat prasasti Mantiasih dhumateng Walikota magelang lan dilanjutake kaliyan penampilan tarian kolosal tradisional “Ngembangke Budoyo” ingkang dibethaake luwih seko 100 penari. Ing tarian menika terdiri kaliyan tari tradisional, kolosal lan modern ingkang tampil langsung gawe nggehibur masyarakat kutho Magelang. Adicara salanjutake yaiku, dilaksanaake upacara Grebeg Gethuk ing Alun alun Kota, ing upacara menika kabeh petugas upacara migunaake pakaian adat Jawa lan migunaake Bahasa Jawa damel aba-aba lan pembukaan ing prosesi Upacara Grebeg Gethuk.

Sabanjur upacara rampung, dilanjutake sambutan saking Walikota Magelang damel mbuka adicara grebeg. Sakderenge grebeg di wiwiti, diadaake doa bersama. Sabanjure Walikota Magelang wenehi aba-aba dumatheng masyarakat supaya di wiwiti grebeg gunungan gethuk lan 17 gunungan liyane. Ing grebeg menika sakkabehane masyarakat nggrebut kabeh gunungan, yaiku gunungan gethuk lan gunungan gunungan sayur lan palawija. Sakwise grebeg gethuk walikota nutup adicara lan ninggalake panggung kinurmatan.

Saklanjute dilaksanaake Kirab Budaya ingkang diikuti kaliyan kabeh warga masyarakat kutho Magelang. Ing kirab budaya menika, sakkabehane warga ingkang ikut serta nampilake tarian utawa kreatifitas masyarakat Magelang. Kirab budaya di wiwiti saka Jalan Utama Alun-Alun Magelang yaiku saking ngarep panggung kinurmatan walikota Magelang, banjur mlaku nyusuri Jalan pemuda ingkang disuguhake dhumateng Masyarakat Kutho Magelang.

Prosesi Grebeg Gethuk menika pralambang wujud syukur warga Magelang lan tradisi menika dilestariake damel meringati Hari Jadi Kutho Magelang saben taun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Manfaat Daun Ketapang untuk Aquarium

- Menyerap racun dan menurunkan PH dalam air aquarium dan kolam - Anti jamur dan bakteri bagi ikan - Menstimulasi warna - Mencegah stress pa...